SBMPTN

Pertanyaan

Dialog percakapan nganggo boso jawa

1 Jawaban

  • dialog percakapan bahasa jawa

    Dina minggu,wayah esuk jam 4, Ali lan ibune uwis tangi. Ali krungu ibune pating gemlothak ning pawon.

    Ali : "mesti ibuk nembe masak" gumam e Ali ng njero ati.

    banjur ali marani ibune sing lagi masak ning pawon

    Ali : " sugeng enjang, buk. Kok yahketen sampun masak, buk? wonten acara nopo?" pitakone ali marang ibune

    ibune Ali : " iyo, le. Iki ibuk ono pesenan saka Bu Janah. Jare arep dinggo acara hajatane mengko" ujar e ibune

    Ali : " lha kok dengaren bu janah pesen marang ibuk? biasane kan bu janah masak piyambak?

    ibune ali :" anu le, garwane bu janah melbu rumah sakit, terus wangsule lagi mengko awan. dadi bu janah ora isoh masak. banjur dhewekke pesen karo ibuk yen kon gawekke panganan dinggo hajatan e mengko" tutur ibune

    Ali : " oalah, nggih, buk. menawi wonten sing saget kula rewangi, buk?

    ibuk Ali : " oalah, iyo le. tulung golekko godhong gedhang dinggo mungkusi naga sari mengko, terus mengko sore. jajanan e iki terno ning daleme bu janah"

    Ali :" nggih buk "


    Ali langsung mbantu ibune masak dinggo hajatan nggone bu janah.

Pertanyaan Lainnya