B. Daerah

Pertanyaan

Contoh layang panglamar

1 Jawaban

  • Susilantini ( 1998 : 5-6 ) memberikan contoh surat lamaran Sri Sultan Hamengku Buwono IX kepada calon besan Kolonel TNI R Soepono Digdasastrapranata ketika melamar Rr. Tatjek Drajad Suprihastuti sebagai berikut :

    “ serat menika ingkang sinuhun kanjeng Sultan Hamengku Buwono kaping IX Ngayogyakarat.

          Dhumateng Kolonel TNI R Soepono Digdasastrapranata, jalan asem no.2 Cipete Selatan Jakarta.

         Wiyose ingkang sareng punika, manira suka priksa dhumateng pekenira yen mboya wenten cegah satunggal punapi, mbenjang wulan Bakda Maulud Taun jumakir 1906 utawi wulan mei tahun angka 1974 ngajeng puniki manira kagungan karsa mantu amikramakaken putra – putra cacah sekawan ( 4 ).

         Ingkang punika anak pekenira ingkang nama Rr. Tatjek Drajad Suprihastuti, manira pundhut badhe manira dhaupake dados garwane anak manira kaki Bendara Raden Mas Herjuna Darpita.

          Dene ijab kapanggihe manira angkeh wenten ing dinten setu pahing tanggal 26, utawi 18 wulan taune sampun kasebat ing nginggil wau.

    Wasana handadosna sumerep pekenira sakulawarga,

    Katiti ing : Besar, wawu, 1905

    Hutawi ing : Desember 1973

    Balasan surat lamaran 1

          Susilantini ( 1998 : 6-7 ) memberikan contoh surat jawaban lamaran dari Ngarsa dalem kanjeng Sultan Hamengku Buwono X kepada calon besan Ali Hasan.

    Ingsun ingkang sinuwun Kanjeng Sultan Hamengku Buwono X ing ngayogyakarta Hadiningrat

    Paring dhawuh marang sira Ali Hasan, ing Jombor Lor, Sinduadi, Sleman.

    Marmane, ingsun uwis tampa layang saka sira, ingsun uga wus ngawuningani surasane lan apa kang dadi panuwunira tumrap putraningsun wadon Nini Raden Ajeng Nurmagupita dadi momongan anakira Ery Triawan, iki ingsun keparengake.

    Sabanjure bab dhaup lan ketemu wus ingsun tamtokake, besuk ing dina selasa wage, tanggal 7 Rejeb taun Je 1926, utawa surya kaping 21 Desember 1993, manggon ana ing sakjeroning Cepuri kagunganingsun Ngayugyakarta Hadiningrat.

    Ing wiwit iki uga kang dadi kersaningsun tumrap anakira Ery Triawan ing mengkone bakal ingsun pundhut jenenge, ingsun paring kalenggahan lan jeneng kanthi sebutan Kanjeng Raden Tumengun ( KRT ) Suryokusumo, kang nyepuhi Para Bupati mantune panjenengan dalem Nata.

    Ing wusana ingsun mundhut marang sira tumuli tata-tata lan dijaga aja nganti kusem jenenge wong tuwa.

    Katiti tanggal 15 Jumadilakir Taun je 1926 utawa tanggal 30 Nopember 1993.

     Di ambil dari Buku : ( Drs. Suwarna Pringgawidagda, M. Pd. Tata upacara dan wicara, 2006 : 33 )

Pertanyaan Lainnya